Catherine Wilson - Wikipedia

Kode Iklan 336x280
Kode Iklan In Artikel

Catherine Wilson - Wikipedia

Catherine Wilson (lair 25 Fèbruari1981; umur 39 taun) ya iku mapersoalan sijiné modhèl saka Indonésia kang asih katurunan Inggris saka bapaké lan Indonésia-Arab saka ibuné.[1] Dhèwèké iku anak saka pasangan Peter Wilson lan Rosita, Catherine kondhang dadi modhèl profésional lan serius babagan apa kang lagi digarap déning dhèwèké.[1] kaya ta donya akting kang nggawé jenengé tambah kondhang ning masarakat.[1] Dhèwèké tambah kondhang ning masarakat amarga mbintangi filem kang judhulé PESAN DARI SURGA kang dibintangi bebarengan karo Luna Maya lan Rianti Cartwright.[1]

Kasulistyan lan profesionalisme nalika dadi modhèl nggawé dhèwèké dadi hèing produk kecantikan Indonésia, ora namung didadikaké modhèl dhèwèké uga dadi ikon kanggo produk kecantikan mau.[1] Dhèwèké dadi Asterik Mustika Ratu nggawé dhèwèké dadi bintang iklan produk, kaya ta Pasar Raya, Laurier, Bank Berdikari, Matahari Dept Store lan laris dadi modhèl video klip penyanyi papan atas, kaya ta Ruth Sahanaya, Chrisye, Gigi, lan Nukla tau nawari Catherine dadi modhèl ning vidio klipé.[1]

Donya panglipur ora gawé dhèwèké seneng, dhèwèké uga duwé restoran kang konsepé Cafe & Lounge ning jalan Dago, Bandung, ning tangal 6 Juni2006.[1] Impian dadi modhèl, artis sintron, sukses ning donya bisnis, wis ana ning tangané, nanging dhèwèké kang karan-sebut dadu modhèl paling larang mahal sawisé Oky Asokawati lan Arzetti Bilbina iki durung kapikiran kanggo duwé garwa lan esih duwékapinginan kanggo sukses ning kariré.[1]

Suwe ora krungu kabaré, ning sasi Fèbruari2009 Keket dilaporaké marang pulisi déning Andi Soraya.[1] Sakloron tukaran amarga kadadian ning acara Kelapa Club Pecatu, Bali nalika tanggal 10 Fèbruari 2009.[1] Malahm amarga perkara kasubut jeneng Tommy Soeharto kang lagi cedhak karo Keket mèlu keseret ning kasus.[1]

Ora namung akting, dhèwèké uga duwé kepenginan kanggo nyoba ning donya musik.[1] Ning wektu kang ora suwé dhèwèké bakal ngerilis album.[1]

Ning taun 2011, dhèwèké olih tawaran kanggo dadi paraga ning filem kang judhulé ARTI SAHABAT kang diputer ning Indosiar.[2] Ning filem mau dhèwèké meranaké tokoh antagonis.[2]

Thanks for reading our article Catherine Wilson - Wikipedia. Please share it with responsible.
Sincery Berita Sae
SRC: https://jv.m.wikipedia.org/wiki/Catherine_Wilson
Kode Iklan 336x280
close
==[ Klik disini 2X ] [ Close ]==
Kode Iklan DFP 2
Kode Ikln DFP 2